Sabtu, 29 September 2012

Contoh Puisi Bahasa Jawa ( Geguritan )

Angen - Angen
Soestrisno

Obahing raga . . . ketarik gatering rasa
rasa sejati thukul saka telenging ati

ati... apa kena tak guroni?
raga . .  apa bisa nggayuh suwarga

oh... Kadang saakrone
Ya Ati.. ta raga...
Aja Padha Sulaya!
Aku arep meling,

Ati . . tilingna sabdaning gusti!
Rina lan wngi !
tindakno Wedharing sabda
kanthi tulusing ati

raga . .  bisa gawa menara
nganti sunghul angkasa

yen ta linambaran ati suci
budi santosa

sinartan sih rahmat
berkahing gusti
kang maha kuwasa
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima Kasih Komentarnya:)

LinkWithin

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...