Sabtu, 29 September 2012

Contoh Sambutan dalam Bahasa Jawa

Assalamualaikum Wr.Wb

Kula Nuwun,
         Para pangemban pangembating praja ingkan dahat kinurmatan, saha sedaya warga blimbing ingkang minulya, ugi dhumateng mudha mudhi ingkang kulla tresnani.

         Langkung Rumiyin sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sedaya dipun keparengaken makempal wonten ing papan punika kanthi kalis nir sambikala boten wonten alangan satunggal punapa, saperlu badhe tirakatan Sumbing Sindoro

         Salejengipun, kula ingkang tinenggenah wakiling panitiya ngaturaken sugeng rawuh lan agenging panuwu, awit sedaya warga sampun paring pambiyantu ingkang awujud punapa kemawon, murih saged kaleksananing adicara tirakatan Sumbing Sindoro ing wekdal puniko.

         Para Bapak, Ibu sarta kadang mitra ingkang satuhu bagyo mulyo, dene wosing gati wigatosing sedya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan puniko, saperlu tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, mugi mugi Kabupaten Temanggung langkung-langkung dusun Blimbing ing dinten dinten ingkan badhe dhateng saged manggih rahayu widada nir ing sambikala, tata tentrem kerta raharja tebih saking parang muka, saha para pangemabting praja pinaringan kekiyatan serta kawicaksanaan ingkang linangkung, saengga saged mujudakenbebrayan ingkang adhil makmur lahir lan batin.

         Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokakenm pramila kanthi ngagunaken asamning Gusti Ingkang maha Agung , tirakatan ing dalu punika kawiwitan.

         Ing wasana, mugi keparengan lelenggahan kanthi mardikaning penggaling ngantos saparingpurnaning adicara tirakatan ing dalu punika. Namung kemawon, mbok bilih lampahing adicara punika kirang mranani, panitya nyuwun gunging samodra pangaksami. dene kula pribadi ugi nyuwun lumunturing sih samodra pangkasami menggah solah bawa dalah panantaning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.

        Nuwun
wassalamualaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima Kasih Komentarnya:)

LinkWithin

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...